KONDURA MAS WASKITHA KINANTHI

Katur para kadang sederek saha para dwija, sepisan kula badhe matur bilih ing kalodhangan wekdal punika, kula badhe nyuwun tapak asma panjenengan sami mliginipun pra anggota SINAU NULIS JAWA supados mas guru WASKITHA KINANTHI kersa rawuh malih ing SNJ.... 

Kendelipun mas guru waskitha kinanthi sawentawis wekdal kepengker amargi wonten setunggal perkawis kang njalari mas guru waskitha kinanthi ngraos kawirangan tuwin kisinan, nanging sejatosipun panjenenganipun sampun nampi kanthi lila legawaning manah lan nglenggana laras wantun ngakeni bilih panjenenganipun luput lan ugi nyuwun gunging samudra pangaksami... 

Ing ngriki kula minangka sawijining siswa SNJ ngrumaosi kicalan sawijining dwija kang panci sampun mateng ing bab carakan, ewadene kula lan panjenengan sami kersa njingglengi, tamtu kemawon bakal wonten hikmah saking kedadosa kasebat, manungsa pundi kang boten nate luput, jer manungsa punika panci panggonane luput, nanging sagadhuge manungsa kasebat taksih kersa nglenggana lan nyuwun pangaksama mapan sampun dados kuwajiban kula lan panjenengan sami caos pangaksama, awit gusti kang murbeng dumadi ugi MAHA PANGAPURA... 

Mila sumangga kula aturi panjenengan sami supados caos wekdal damel "TANDA TANGAN"minangka sawijining usaha supados mas waskitha kinanthi kersa kondur ing SNJ...... 

Cekap semanten anggenipun kula matur, bilih wonten klenta klentunipun seratan ing nginggil kula nyuwun sih agunge samudra pangaksami. 


Ary Bumidirja Anyakra Kusuma    Hubungi penulis petisi